Aja Ming Sambat
Uripmu ki sakjane kepiye ta?
Karepmu ki sakjane apa ta?
Sing mbok karepke ki apa?
Dhuwit akeh...?
Klambi apik-apik...?
Omah magrong-magrong...?
Bojo sing rupane ayu...?
Urip penak...?
Enom foya-foya...?
Sukses...?
Tuwa urip mulya...?
Mati mlebu suwarga...?
Kowe ki tau ndelokke rupamu apa ora?
Tau mikirke polahmu apa ora?
Mbok deloken, sing mbok lakoni kuwi wis apik durung...
Mbok rasakke, kelakuanmu kuwi nggriseni liyan apa ora...
Gaweanmu sumbut karo sing wis mbok karepke apa ora...
Mbok aja sithik-sithik sambat
Pikiren tujuanmu karo usahamu
Pikiren sing wong liya rasakke
Aja ming mikirke awakmu dhewe
Urip nang Jawa kuwi asase bebrayan
Tulung-tinulung tekan tujuan
Ngormati tangga teparo
Gugur gunung ngenthengke gawean
Kowe kudu obah metu kringet nggo golek urip
Ora ming nyalahke kahanan
Mikir piye carane golek mangan
Kelakuanmu kuwi wis ketinggalan jaman
Kowe reti aretine sambat ta?
Ya kelakuanmu kuwi sering sambat!
Mulai saiki dikurangi
Tambahi usahane nggo nguripi awakmu
Tambahi nggonmu bersyukur
Tulungi brayanmu sing mbutuhke
Dadiya wong sing migunani tumraping liyan...
Comments
Post a Comment